Skala N

Amba ril sepur ing skala N ana 9 mm

Skala N iku siji skala sepur modèl. Ukuran ril standar kang ambané 1435 mm, ing skala iki dadi 9 mm. Ukuran skalané ana 1:160. Skala N iku papané antara skala TT (1:120) lan skala Z (1:220). Aksara N ing skala iki, ya iku cekakan saka tembung nine ing basa Inggris utawa neun ing basa Jerman kang tegesé 'sanga'. Tembung sanga iki ya ngrujuk marang ukuran 9 mm. Sepur modèl ing skala iki kurang luwih gedhéné separo saka modèl ing skala H0 (1:87).

Segi positif skala N iku, wong-wong kang nduwé hobi iki bisa nggawé rancangan tata susun ril (layout) kang mbutuhaké papan luwih sithik tinimbang ing skala H0 utawa nggawé jalur sepur kang luwuh dawa utawa nganggo dèrètan gerbong luwih dawa. Ambané kurang luwih 25% saka ambané layout ing skala H0.

Sanadyan skala N iku cilik, isih ana skala kang ukurané luwih cilik lan uga didol. Skala iki ya iku skala Z (1:220) kang wis ditulis ing dhuwur. Banjur uga ana skala TT manèh kang luwih cilik kang ukurané 1:450.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search